Dening: Dodik Priyambada
Dina kuwi awan panas kenthang-kenthang, warung kopine cak Qodri krasa rada adhem sabab sakiwa-tengene ana tandurane pelem gadhung. Budi lagi telap-telep mangan sega campur bungkuse cak Qodri lawuh krengsengan daging, mie lan sambel goreng tempe, kang mirasa. Ora lali kerupuk kriting rupane putih kang asring diarani kerupuk Bandhung.
ADVERTISEMENT

SCROLL TO RESUME CONTENT
“Cak Qodri, kerupuk putih brintik ngene iki kok diarani kerupuk Bandhung ki kepriye asal-usule?” Budi takon marang Qodri karo tetep mangan telap telep.
Qodri mangsuli, “Ngene hlo Bud, dhek rikala tahun 1930 mbiyen, kutho Bandhung iku misuwur minangka salah sijining kutha pusat produksi kerupuk tapioka utawa aci jare piyantun Sundha, paling gedhe saindenging nuswantara. Pengusaha kerupuk terkenal ing Bandhung kaya Sahidin dan Sukarma, nduwe pabrik gedhe ana di Jalan Kopo, Bandhung, kang nggawe jinis kerupuk iki lan banget misuwur utawa terkenal nganti tekan njabane Bandhung lan Pasundhan. Mulane akeh wong kang ngarani kerupuk kriting tapioka kuwi kanthi jeneng kerupuk Bandhung. Ana maneh kang ngarani kerupuk uyel, kerupuk mawar, kerupuk blek lan uga aran liyane”.
“Biyuh sampeyan kuwi bakul warungan kok ya ngerti sejarah cak, lagi iki aku mudheng, sababe kerupuk kriting putih iki diarani kerupuk Bandhung,” Budi guneman marang cak Qodri.
Ora let suwe, Agus, Slamet lan Sukarti, bakul Sembako lore bale desa, teka ana warung kopine cak Qodri. Sukarti banjur guneman banter,” Pancen bubrah kabeh iki kahanane. Aku maca kabar saka internet, durung suwe iki, ana bupati lan walikota cacahe sanga, lan siji gubernur ketangkep dening KPK (Komisi Pemberantasan Korupsi) gara-gara korupsi. Tak pikir-pikir, saiki klebu jaman apa to? Kok akeh pejabat sing kecidhuk KPK, amarga perkara korupsi? Mesthine, negara ya nandhang kapitunan kang gedhe amarga pokal gawene koruptor-koruptor kuwi. Apa iki kaya dhawuhe mbah-mbah biyen, yaiku tumekane jaman edan? Jarene yen ora melu edan, ya ora keduman.”
Cak Qodri mesem banjur guneman, “Sik-sik yu Karti, sampeyan iki pesen ngombe apa? Durung-durung kok wis emosi bengol-bengok mikiri korupsi. Agus karo Slamet, ngombe apa iki?”
Sukarti, enggal pesen jahe anget, karo mecucu lambene, lan Agus uga banjur pesen kopi ireng gula sithik padha karo Slamet.
“Yu Karti, sing mbok omongne mau pancen ya bener, nanging dhawuhe mbah-mbah kuwi isih ana bacutane utawa tutuge,” Agus melu urun rembug kanthi ati kang adhem. “Yen ora kliru yu Karti, kuwi dhawuhe Raden Ngabehi Ranggawarsita, salah sijining pujangga kraton Surakarta Hadiningrat ana Serat Kalatidha, awujud tembang macapat Sinom ing taun 1860. Jangkepe kaya mangkene iki:
“Amenangi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
Milu edan nora tahan
Yen tan milu anglakoni
Boya kaduman melik
Kaliren wekasanipun
Ndilalah karsa Allah
Begja-begjane kang lali
Luwih begja kang eling lawan waspada.”
Sukarti ngrungokne karo setengah ngowoh, banjur guneman, “Byuh mas Agus, kok ya ngerti ae sampeyan marang piwulang luhur kuwi. Wah, jan jos tenan sampeyan kuwi, nanging aku kok ora mudheng to, apa tegese?”
Agus banjur njlentrehne, “Cekake rembug yu, yen wis tumekaning jaman edan, akeh wong melu edan amarga wedi keluwen wetenge. Sapa kang bisa eling lan waspada yaiku wong kang ora melu edan, uripe bakal luwih begja tinimbang wong kang melu edan iku mau.”
Cak Qodri nambahi omongan, “Mula sapa wae kang kepingin uripe begja, aja pada ngedan, nganggep urip kuwi ora nganggo tatanan, kaya koruptor-koruptor kuwi, Agamane dhewe ya wis menehi piwulang yen wong nandur kuwi bakale ngundhuh, sapa kang korupsi ya bakale dibui. Ngono to duluuur? Ha ha ha.”
Slamet melu urun rembug, “Ya cak Qodri, bakul-bakul kerupuk Banbegyadhung sing nyetori warungmu prasasat ora tau mbujuki awakmu. Ngirimi pira, ora mbok etung, sesuke wadhah dijupuk dietung dhewe karo bakule, banjur mbok bayari miturut etungane bakul krupuk mau. Sampeyan karo bakul krupuk kuwi pora dagang kang kebak laku jujur?”
Agus nambahi, “Pancen bakul kerupuk pantes tinuladha laku jujure. Ora ana bakul kerupuk nindakake korupsi lan mbujuki. Mulane yen wong ora kuwat drajat dadi pejabat, banjur lakune begjat, luwih becik sinau dhisik nggone bakul kerupuk supaya ngerti yen urip kuwi ana tatanane, ora sageleme udele dhewe. Ha ha ha”.
Kabeh kang padha nyruput kopi lan ngombe liyane ing warungi Qodri, bungah atine. Gojegan ngalor-ngidul minangka sarana kanggo ngresiki atine dhewe-dhewe supaya bening. Kabeh padha bisa sinau kepriye tata lakune urip bebrayan kang bener, kanggo nggayuh katentreman lan kabagyane urip. (*)
*) Dodik Priyambada, Penasihat Majelis Dikdasmen PNF PDM Gresik, penulis buku ‘Damar Ublik’.
Post Views: 1












