Dening: Dodik Priyambada
Rampung shalat Tarweh, warung kopine cak Qodri lor mesjid, pinggir kampung, rame banget. Gandane kopi tubruk kang wangi lan gorengan tempe sedhep, nambahi swasana tambah gayeng. Wong-wong padha lungguh ing bangku kayu, ana sing mbukak hape, ana sing guyon, lan ana kang lagi ngematake anggone nyruput kopi. Lampune warung rupane rada kuning, cahyane remeng-remeng ngiringake anggone padha ngobrol ngalor ngidul ora ana jluntrunge.
ADVERTISEMENT

SCROLL TO RESUME CONTENT
Bar tarweh, Budi cepet-cepet mlebu warung, kanthi ulat rada peteng setengah bingung. Ing kono ana Agus kang wis lungguh jagongan karo Slamet tanggane, nyruput ngopi lan mangan gorengan. Cak Qodri, sing duwe warung, uga lagi repot nggoreng tempe lan tahu.
“Gus, … aku kepengin mudhik tenan taun iki. Aku jan wis kangen tenan karo bapak lan makku, kangen desa lan kangen dulur-dulurku, nanging piye iki dompetku lagi kosong, isine mung kwitansi utang thok”, Budi nggrundel karo nyekeli sirahe, banjur lungguh ana dhingklik jejere Agus.
Agus ngguyu banjur nyauri, “Oalah Bud, … mudhik kuwi pancen rasane mesthi seneng, tur ya akeh manfaate. Bisa sungkem wong tuwa, ketemu dulur-dulur, kangen-kangenan karo kanca-kanca lan biasane ya ana acara mangan-mangan barang bareng, kumpul karo kulawarga. Apa maneh neng desamu, malah bisa ngelus-elus sapine simbahmu barang, Bud. Tapi ya ngono, yen pas lagi ora nduwe dhuit, ya ora perlu gaya-gaya mudhik barang. Aja nganti kedadeyan meksa mudhik nganggo dhuwit utangan, amarga kuwi mengko mesthi akeh mudharate. Mikira wae sasi Ramadhan kang mung kari pirang dina iki arep rampung, supaya awakmu luwih sregep tarweh, ndonga, ngaji lan nglakoni kabecikan liyane, kanggo nggayuh ganjarane wong pasa yaiku dadi wong kang takwa”
Slamet melu urun rembug, “Yo bener, Bud. Aja mbaleni lelakonku, taun wingi aku mudhik nganggu dhuwit utangan saka koperasi, amarga bayaranku wis entek kanggo ngangsur utang liyane lan nyukupi butuh saben dina. Hla, kojur tenan awakku, bareng bar mudhik, malah petugas koperasi bolak balik nggoleki aku, mara menyang omahku, nagih utang, nganti aku stress ora bisa turu angler, Bud. Rencana wiwitane arep silaturahmi, malah dadine silatur-utang, hahaha!”
Cak Qodri nambahi omongan, sinambi nggoreng tempe,“Bener kandhane Agus karo Slamet kuwi, Bud. Wong tuwamu mesthine ya luwih seneng yen anake ora ruwet uripe, amarga mudhik nganggo dhuwit utangan, kaya kandhane Slamet kuwi, ibarate mburu silaturahmi, oleh silatur-utang. Wong tuwa kuwi ora pingin awakmu kakehan gaya, nanging asline sirah mumet amarga tanggungan utange akeh.”
Budi meneng wae karo mikir kabeh omongane wong-wong mau, karo ngelus dada, rada bingung lan susah. Agus tanggap ing sasmita, ngerti yen kancane lagi mumet, banjur pesen kopi kanggo Budi,”Cak Qodri kopi ireng tanpa gula ya, kanggo Budi. Ngko melu aku totalane. Karo ketan bumbune siji ya, ben sirahe Budi ora tambah mbledhos.”
“Wah Gus, kok aku malah mbok traktir iki, hahaha. Matur nuwun ya. Aku kepengin banget mudhik, nanging ketoke kepeksa wurung mudhikku, amarga ora nduwe dhuwit. Aku sarujuk karo urun rembuge kanca-kanca mau, senajan rasane atiku sakjane abot yen ora mudhik, sungkem marang bapak lan makku”, mangkono Budi ngudarasa isi atine.
Agus banjur kandha, “Bud, ngabekti marang wong tuwa kuwi ora kudu mudhik. Sing penting ati tetep nyambung. Kowe bisa telpon utawa video call karo bapak lan makmu, kanthi ragat murah. Krungu swaramu utawa weruh prejenganmu ana video, mesthine atine bapak lan makmu ya wis krasa marem. Aku dhewe riyaya iki ketoke ya ora bisa mudhik, amarga kena jadwal piket ana pabrik. Ya mbuh mengko bar riyaya kupat, muga-muga bisa sowan bapak lan ibukku.”
Cak Qodri nambahi omongan, “Bud, aku wingi disambati pak Joko, jare RT ne butuh tenaga keamanan riyaya. Mbok menawa awakmu gelem, ya coba enggal sowano nyang ndaleme pak Joko. Jarene honore sedina oleh satus ewu, wis oleh mangan, jajan karo kopi.”
Budi katon bungah nampa pawarta kuwi, banjur ketan lan kopine cepet-cepet dientekne.” Wah kuwi jenenge rejeki cak Qodri. Kanca-kanca aku tak enggal sowan pak Joko ya, ben ora kedhisikan wong liya, aku siap dadi petugas keamanan RT-ne pak Joko. Eng ing eng … sik ya kabeh, aku pamit,” Budi enggal mlayu karo ngguyu cekakakan, ninggalake warung kopi tumuju daleme pak Joko.
Cak Qodri mesem banjur nerusake omongan, “Ayo dulur-dulur ngopine ndang diterusake, aja lali gorengane sing anget, ben atimu krasa ayem lan tentrem. InsyaAllah kanthi ikhtiar lan pasrah marang Allah, kabeh reribete urip diparingi gampang.”
Swasana warung kopi tambah rame, wong-wong padha guyon, ngguyu, atine bungah sinambi ngopi. Pancen warung kopine cak Qodri bisa gawe swasana guyub lan rukun. (*)
*) Dodik Priyambada, penulis buku ‘Damar Ublik’.
Post Views: 2












