Komisarise: Gusti Allah – Girimu

- Editorial Team

Sabtu, 28 Februari 2026 - 17:12 WIB

facebook twitter whatsapp telegram line copy

URL berhasil dicopy

facebook icon twitter icon whatsapp icon telegram icon line icon copy

URL berhasil dicopy

banner 468x60

Dening: Dodik Priyambada

Wis sawetara suwe aku ora ketemu karo mitra lawasku, yaiku mas Sugik. Umur-umurane ya sapantaran karo aku. Mas Sugik luwih enom sakithik tinimbang aku. Saelingku biyen pas dheweke isih SD ing kuthaku, dheweke sregep banget mbiyantu ibune, kulak endhog bebek minangka bahan kanggo nggawe endhog asin, menyang omahku, amarga bapakku ngingu bebek Alabio. Aku isih kelingan yen dheweke menyang omahku, katon kringete mruntus ing irunge, nanging praupane tetep sumringah nandangi pakaryan mau kanthi ati seneng. Miturutku, mas Sugik kuwi bekti banget marang ibune.

ADVERTISEMENT

ads

SCROLL TO RESUME CONTENT

Ora ngira babar pisan, pas dina riyaya taun wingi, bapake mas Sugik jagongan karo bapakku, banjur aku diwenehi kartu namane mas Sugik dening bapake mas Sugik. Kanthi piweling supaya aku tansah bisa nyambung paseduluran karo mas Sugik. Aku dhewe ya rumangsa seneng, awit wis pirang-pirang puluh taun ora tau ketemu karo mas Sugik.

Sawijining dina, aku nyoba kirim email marang mas Sugik, lan alhamdulillah diwangsuli lan diwenehi nomer HP-ne. Sabanjure aku komunikasi karo dheweke liwat HP. Kurang luwih sawulan bacute, aku semayan arep ketemu karo mas Sugik, lan dheweke nawani piye yen aku dipapag sopire. Kanggo nggampangake nggonku tumuju kantore mas Sugik, mula aku ya sarujuk karo panemu kuwi.

Sawise ngliwati dalan-dalan kang rame, wusanane aku tekan ing bangunan gang gedhe lan apik, banjur aku mlebu njero kantor. Aku digenahake dening mas Satpam yen kantore pak Sugik ing lantai ndhuwur.

Baca Juga :  Spemutu Gresik Sukses Gelar 'Try Out' TKA Hari Pertama

Mak jleg, lawang lift mbukak, banjur aku nyuwun pirsa marang mbak resepsionis yen aku arep ketemu mas Sugik. Aku diterake menyang ruwangane mas Sugik. Saklebatan katon yen kantor iki sawijining kantor kang resik, jembar tur apik.

Senajan wis puluhan taun ora kepethuk, tanpa wigah-wigih mas Sugik nampa tekaku kanthi renyah. Banjur, disambung omong-omongan lan crita ngalor ngidul, ngenani sejarah urip jaman biyen, dhek nalika padha isih cilik. Banjur sithik mbaka sithik, dheweke crita kepriye mula bukane mbukak usaha dhewe nganti saiki.

“Sawise aku leren teka salah sijine perusahaan, Mas. Aku nyoba mbukak usaha lan alhamdulillah, diparingi lancar dening Ingkan Maha Kuwasa. Kanggo nguwati krentege atiku, Mas. aku lunga kaji, saperlu nglakoni wajib lan nyuwun pituduh saka Gusti Allah, kepriye kudune anggonku lumaku sabanjure”, mangkono critane mas Sugik marang aku.

“Sasuwene aku ana tanah suci, Mas. aku rumangsa diparingi pituduh saka Gusti Allah menawa, aku kudu nerusake usahaku, supaya tambah ngrembaka lang migunani tumrap sapadha-padha.”, mas Sugik mbacutake anggone crita.

“Aku ora cilik ati, Mas, lan tansah rumangsa manteb anggonku nglakokake usaha iki, sebab aku nduweni keyakinan yen Komisarise perusahaan ora liya yaiku Gusti Allah. Aku iki mung saderma nglakokake miturut tuntunane Gusti Allah.”, ngono kandhane mas Sugik kanthi manteb. Mak dheg, atiku trenyuh lan nggumun, amarga ketitik menawa mas Sugik kuwi salah sawijining pengusaha taruna kang nduweni adeg-adeg kang jejeg, yen samubarang kuwi asale lan baline ya mung saka kersane Gusti Allah ta’ala. “Mulane Mas, waton sing takayahi bener, aku ora sumelang lan ora wedi, amarga perusahaanku iki sejatine komisarise yaiku Gusti Allah.”, mengkono dheweke nambahi tembunge.

Baca Juga :  Kajian Fiqih Wanita Ikwam SD Al Islam Cerme Kupas Tuntas Thoharoh dan Jalan Menuju Surga

Aku rumangsa anggonku silaturahim menyang kantore mas Sugik, akeh banget paedahe. Aku oleh tuladha becik saka dheweke kepriye bisa manggonake tauhid utawa kapercayan marang Gusti Kang Maha Tunggal, bisa tansah dadi sendhenan kanggo nglakoni urip, klebu nglakokake usaha.

Musholla kantore mas Sugik katon apik, resik lan jembar. Manggone ana ngarep cedhak resepsionis. Mas Sugik crita menawa nalika wiwitan nata ruwangan biyen, dheweke nduweni panjaluk marang sing ngawe rancangan, yen musholane kudu ana ngarep, lan kudu jembar tur apik. Aja nganti kalah apike tinimbang salah sijine ruwang, klebu ruwang kerjane mas Sugik dhewe. Subhanallah.

Sadurunge aku pamit bali, aku dijak mubeng–mubeng kantore kang pegawaine ora kurang saka 50 (seket) wong. Aku krasa marem bisa nyambung silaturahim karo mitraku lawas padha-padha asal kuthane, mas Sugik, mesisan bisa ngaji urip marang dheweke. Muga-muga isih akeh pengusaha kang tansah nengenake paugerane Gusti Allah kanggo nuntun anggone nglakokake usaha, kaya mas Sugik. Aamiin (*)

*) Dodik Priyambada, Penasihat Majelis Pendidikan Dasar dan Menengah & Pendidikan Non Formal (Dikdasmen-PNF) PDM Gresik, Penulis buku  ‘Damar Ublik’, 2018. 


Post Views: 2

sumber berita dari girimu.com

Follow WhatsApp Channel www.kabargresik.com untuk update berita terbaru setiap hari Follow

Berita Terkait

KOKAM Cerme Amankan Proses Pemakaman Ketua PCM Menganti
Prodi PGSD FKIP UMG Raih Predikat Unggul dari Lembaga Akreditasi Mandiri Kependidikan, Pacu Semangat Tingkatkan Kualitas Pendidikan
Matamuda MI Islamiyah Mojopetung Hadirkan Madrasah Ramah, Murid Bahagia lewat Kegiatan Edukatif dan Menyenangkan
Tiga Keberkahan Warnai Pengajian Bulanan Muhammadiyah-Aisyiyah Ranting Srembi Kebomas
MI Mulia Gembleng Murid Baru: Lima Hari Membentuk Karakter Dan Menjelajah Asa
Meriah dan Penuh Semangat, SD Al Islam Cerme Gelar Demo Ekstrakurikuler di Bawah Terik Matahari
MPLS KB dan TK Aisyiyah Wringinanom Ditutup dengan Keceriaan Fun Game Bersama Orang Tua
Puncak MPLS Ramah, KB Aisyiyah 24 dan TK Aisyiyah 08 Melirang Gaungkan Peduli Lingkungan lewat Pawai Kostum Daur Ulang
Berita ini 31 kali dibaca

Berita Terkait

Senin, 31 Agustus 2026 - 11:15 WIB

KOKAM Cerme Amankan Proses Pemakaman Ketua PCM Menganti

Selasa, 21 Juli 2026 - 02:56 WIB

Prodi PGSD FKIP UMG Raih Predikat Unggul dari Lembaga Akreditasi Mandiri Kependidikan, Pacu Semangat Tingkatkan Kualitas Pendidikan

Senin, 20 Juli 2026 - 17:55 WIB

Matamuda MI Islamiyah Mojopetung Hadirkan Madrasah Ramah, Murid Bahagia lewat Kegiatan Edukatif dan Menyenangkan

Senin, 20 Juli 2026 - 08:54 WIB

Tiga Keberkahan Warnai Pengajian Bulanan Muhammadiyah-Aisyiyah Ranting Srembi Kebomas

Minggu, 19 Juli 2026 - 23:53 WIB

MI Mulia Gembleng Murid Baru: Lima Hari Membentuk Karakter Dan Menjelajah Asa

Berita Terbaru

PEMERINTAHAN

Revitalisasi Satuan Pendidikan Disasar Tuntas Hingga Daerah 3T

Sabtu, 5 Sep 2026 - 18:59 WIB

PENDIDIKAN

Konten Kreator Positif, Langkah SMK Alkarimi Edukasi Siswa

Sabtu, 5 Sep 2026 - 16:55 WIB

PENDIDIKAN

Bimtek Guru MI Dukun: Kuasai Aplikasi Pembelajaran Digital

Rabu, 2 Sep 2026 - 20:18 WIB

Muhammadiyah Gresik

KOKAM Cerme Amankan Proses Pemakaman Ketua PCM Menganti

Senin, 31 Agu 2026 - 11:15 WIB