WFW – Work from Warung

- Editorial Team

Jumat, 10 April 2026 - 07:03 WIB

facebook twitter whatsapp telegram line copy

URL berhasil dicopy

facebook icon twitter icon whatsapp icon telegram icon line icon copy

URL berhasil dicopy

banner 468x60

Dening: Dodik Priyambada

Wengi kuwi, rampung shalat Isyak, hawane krasa athis, lampu dalan rupa kuning remeng-remeng kaya obor listrik. Warung kopine Cak Qodri katon rame, dhingklik lan meja kayu prasaja, lan kopi campur gorengan mbabar ganda arum, ndadekake kang lagi ana warung pingin nyruput kopi lan ngemil. Radhio tuwa kang lagi nggiyarake lagu Pamer Bojo-ne Didi Kempot “The God Father of Broken Heart”, krungu nyamleng, senajan sok-sok kalah banter karo swarane motor liwat.

ADVERTISEMENT

ads

SCROLL TO RESUME CONTENT

Qodri, lagi repot nggodhok banyu lan nyiapake kopi pesenane wong-wong kang lagi jagongan ing warunge. Tangane cukat trengginas kaya dhalang lagi ngobahake wayange. Budi lan Slamet wis teka lungguh ana dhingklik, dene Agus lagi wae mlebu warung karo mesem kebak subasita, nyapa kabeh kang lagi jagongan ing warung, ora lali dheweke pesen kopi ireng gula sithik. Kahanan warunge cak Qodri krasa anget, guyub, lan kebak guyonan.

Budi wiwit nggrundel, “Dina-dina mburi iki aku krungu kabar menawa ASN – aparat sipil negara, saben dina Rebo utawa Jumat padha nyambut gawe saka omah, utawa WFH – Work from Home. Apa kuwi ora ateges ASN oleh tambahan prei sedina? Kok ya kepenak tenan dadi ASN, negara lagi ruwet kaya ngene, malah oleh tambahan prei. Kepriye to, genahe negara iki?”

Agus kang wis nampani kopi saka cak Qodri, banjur nyauri grundelane Budi, “Wadhuh, Bud… awakmu aja waton sulaya, hlo. Kuwi jenenge salah kaprah. WFH kuwi, tegese nyambut gawe saka ngomah. Dadi WFH kuwi ya tetep nyambut gawe, nanging panggonane wae pindhah saka kantor menyang omah. Tujuane pemerintah nggawe program WFH iku kanggo ngurangi konsumsi BBM – bahan bakar minyak, amarga ora perlu transportasi budhal-mulih saka omah menyang kantor. Negara ngejak kabeh masyarakat, klebu ASN, ngirit BBM supaya cadhangan BBM-e negara supaya ora cepet entek. Uga senajan nyambut gawe saka omah, kanca-kanca ASN ya tetep kudu laporan, rapat dharing, nggarap dokumen lan sapanunggalane. Beda karo yen wayah libur kae, ya ora ana kewajiban nyambut gawe kaya ngono kuwi.”

Baca Juga :  Siswa Spemutu Gresik Sabet Medali Perunggu Olimpiade Bahasa Inggris Tingkat Nasional

Slamet melu urun rembug, “Hahaha, Bud. Nek WFH kuwi mbok anggep prei, apa tegese yen aku sabendina ngarit ana sawah ya mbok arani prei, amarga omahku cedhak sawah? Aku nyambut gawe tenanan nganti kringetku dlodosan, hlo.”

Qodri uga melu guneman, “Bud, pancen bener kandhane Agus kuwi. Negara kudu ngirit BBM amarga dinane iki minyak mentah donya regane lagi larang-larange lan pasokane uga kalong akeh, gara-gara perang antarane Amerika – Israel musuh Iran, banjur Iran. Pemerintah ngreka daya supaya cadhangan BBM-e negara bisa dihemat.”

Budi banjur guneman karo kukur-kukur sirahe, “Wah, nyuwun pangapura ya, panemuku salah dulur. Jebule, WFH kuwi dudu prei tambahan, nanging tetep nyambut gawe saka omah lan malah manfaate gedhe kanggo negara lan masyarakat. Hla, trus komunitas warung kaya awake dhewe kabeh iki, isa mbantu apa kanggo negara, ing bagagan ngirit BBM?”

Agus mesem banjur guneman, “Awake dhewe kabeh ya kudu melu ngirit BBM Bud. Saka ngomah menyang warunge cak Qodri, ora usah numpak sepedha motor, cukup mlaku wae. Ngalor ngidul yen ora sepiroa adoh ya apike numpak sepedhah onthel wae, awak sehat lan ngirit BBM tur ngirit dhompet ora perlu metu dhuwit kanggo tuku BBM.

“Hla, warungku iki ya kena kanggo nyambut gawe kanca-kanca ASN kang omahe sakiwa-tengene kene. Mejane arep tak tambahi, tur wis ana cop-copane listrike pisan, lan intenet wifine uga bakal tak tambahi kapasitase supaya luwih banter kecepatane senajan digawe internetan wong akeh. Piye, Gus, mathuk apa ora? Hahaha.” cak Qodri dumadakan nduwe idhe anyar.

Baca Juga :  Mengelola AUM dan Kampus Muhammadiyah Harus Berlandaskan Empat Sifat Nabi SAW

Agus mangsuli, “Sakjane ya ora apa-apa, cak malah kepara apik idhemu kuwi, yen kang nyambut gawe ana kene pancen omahe ora adoh-adoh saka warungmu, lan mrenene mlaku. Yen lagi rapat dharing ya kudu padha melu lan radhiomu kuwi swarane aja nganti ngganggu kang lagi padha rapat dharing mau. Dijajal wae cak, mbok menawa kanca-kanca ASN kiwa tengen kene isa nampa lan kesengsem marang idhemu, mesthi warungmu bakal tambah laris.”

Budi manthuk-manthuk banjur urun rembug, “Cak Qodri, yen mengko ASN kang WFH ana warungmu akeh, aku saguh lho mbiyantu dadi pegawaimu bageyan leladi karo isah-isah cingkir, gelas, lepek lan piring. Yen tak pikir-pikir WFH kanggo ASN kang omahe cedhak warung kopimu, bisa diarani WFW – Work from Warung. Hahaha …”

Qodri ngguyu lan sumaur, “Gampang Bud, pokok gelem bayarane sega bungkus, kopi karo gorengan aku sarujuk awakmu dadi pegawaiku, Yen kaya ngono kuwi awakmu uga bisa diarani WFW – Work from Warung, amarga papan nyambut gawemu ing warung, Hahaha.”

Kabeh padha ngguyu krungu gunemane Budi karo Qodri. Tambah bengi warunge tambah rame, kabeh tetep rukun, lan ayem tentrem atine. (*)

*) Dodik Priyambada, Penasihat Majelis Dikdasmen PNF PDM Gresik, penulis buku ‘Damar Ublik’.


Post Views: 126

sumber berita dari girimu.com

Follow WhatsApp Channel www.kabargresik.com untuk update berita terbaru setiap hari Follow

Berita Terkait

Ryamizard Ryacudu Wafat, Haedar Nashir Berduka
Air Mata Perpisahan, Janji Tak Ada Mantan Guru: MTs Muhammadiyah 7 Pantenan Lepas Angkatan 2025/2026
Daun Jati Pengganti Plastik: Idul Adha ‘Hijau’ Muhammadiyah Dan Aisyiyah Mojopetung Memikat Warga
Sabar Menanti, Panitia Kurban Masjid Al Iman Qonaah Mojosarirejo Gresik Sambut Kehadiran Hewan Qurban hingga Malam
Iduladha di SMK Muhammadiyah 5 Gresik: Meneguhkan Iman, Menguatkan Pengorbanan, dan Menumbuhkan Kepedulian Sosial
Spemdalas Peduli, Salurkan 2 Sapi Kurban kei Mengare
Luar Biasa, Siswa SDMM Muhammad Rafa Raih Nilai 100 TKA 2026
Elus Sapi Kurban, Siswa KB Aisyiyah 49 Griya Kencana Ini Ikut Rayakan Iduladha 1447 H
Berita ini 16 kali dibaca

Berita Terkait

Senin, 1 Juni 2026 - 03:27 WIB

Ryamizard Ryacudu Wafat, Haedar Nashir Berduka

Sabtu, 30 Mei 2026 - 15:23 WIB

Air Mata Perpisahan, Janji Tak Ada Mantan Guru: MTs Muhammadiyah 7 Pantenan Lepas Angkatan 2025/2026

Sabtu, 30 Mei 2026 - 06:22 WIB

Daun Jati Pengganti Plastik: Idul Adha ‘Hijau’ Muhammadiyah Dan Aisyiyah Mojopetung Memikat Warga

Jumat, 29 Mei 2026 - 12:20 WIB

Iduladha di SMK Muhammadiyah 5 Gresik: Meneguhkan Iman, Menguatkan Pengorbanan, dan Menumbuhkan Kepedulian Sosial

Jumat, 29 Mei 2026 - 03:19 WIB

Spemdalas Peduli, Salurkan 2 Sapi Kurban kei Mengare

Berita Terbaru

Muhammadiyah Gresik

Ryamizard Ryacudu Wafat, Haedar Nashir Berduka

Senin, 1 Jun 2026 - 03:27 WIB

PEMERINTAHAN

APBD Gresik 2026 Susut Rp539 M, Proyek Fisik Terancam

Minggu, 31 Mei 2026 - 01:19 WIB

komunitas

KWGe Bagikan Daging Kurban ke Warga Gresik

Sabtu, 30 Mei 2026 - 17:01 WIB