Dening: Dodik Priyambada
Nalika aku isih sekolah ana Sekolah Dhasar, aku nampa piwulang Agama Islam saka guruku kang asmane bu Rohmah Arini. Bu Rohmah tlaten lan sabar banget anggone mulang Agama Islam marang murid-muride, mula saka rumangsaku adhem banget ing ati, nalika diwulang dening bu Rohmah.
ADVERTISEMENT

SCROLL TO RESUME CONTENT
Bu Rohmah lenggahe ana ing dalan sakidule Alun- alun. Sisihanne bu Rohmah asmane pak Lukman, yen ora kleru pensiunan pegawai Perhutani, sangertiku uga minangka salah sijine takmir Mesjid Jamik.
Salah sijine ngelmu Agama Islam, kang nganti saiki isih takapali yaiku piwulang ngenani tata cara lan urutan nindakake wudhu. Kaya mangkene jangkepe ukara nindakake wudlu kaya kang diwulangake dening bu Rohmah:
“Setunggal wijik. Kalih kemu. Tiga ngresiki grana. Sekawan raup. Gangsal mijiki asta. Enem maringi toya mbun-mbunan. Pitu ngresiki talingan. Wolu mijiki ampeyan”.
Nganti saiki yen aku lali urutane wudhu merga keselip pikiran liyane, aku mesthi ngeling-eling urut-urutane wudlu kaya kang diwulangake dening bu Rochmah kuwi.
Mulane begja kemayangan marang sapa wae para pamaca kang dadi guru lan tansah maringi piwulang apik marang siswa-siswane. Kabecikane guru anggone nggulawenthah siswa-siswane, bakal antuk piwales kabecikan saka Gusti Allah, kang luwih akeh lan mbanyu mili salawase. Sasuwene ngelmu kang diwulangake iku mau terus diamalake dening siswa-siswane.
Kanggo para pamaca kang ora dadi guru sekolah utawa dhosen, tetep bisa dadi guru tumrap putra-putrane dhewe, utawa dadi gurune warga masyarakat kanthi mulang-wuruk utawa paring tuladha ngenani bab-bab kang migunani tumrap warga masyarakat. Insya Allah andum ngelmu kabecikan kaya ngono mau bisa kanggo nambah sangu mbesuk yen awake dhewe wis wayahe kondur ana kasedan jati.
Muga-muga ana guna lan mupangate. Nuwun. (*)
Sumber: Buku “Damar Ublik”, karya Dodik Priyambada, 2018.
Post Views: 2












