Dening: Dodik Priyambada
Srengenge wis dhuwur, katon menthor-menthor, ing dina katelu wulan Syawal 1447 Hijriyah. Warung kopine cak Qodri wis bukak lan gorengan tahu, tempe, ote-ote uga jajanan liyane ya wis jangkep. Budi wis mapan lan nyruput kopi pahit, sinambi ngemil tempe goreng anget.
ADVERTISEMENT

SCROLL TO RESUME CONTENT
“Hla dina iki apa wis rampung, Bud, anggonmu jaga lebaran ada RT ne pak Joko?” Qodri takon marang Budi. Budi sumaur, “Dina iki dina pungkasan cak, nanging jadwalku wis rampung bengi nganti esuk iki mau.”
“Mulane kok awakmu wis bisa ngopi mrene Bud,” Qodri mangsuli.
Ora let suwe, Agus karo Slamet uga wis tekan warung, lan salam-salaman karo cak Qodri lan Budi, nglebur sakabehing dosa lan salahe kanthi njaluk pangapura.
Ora let suwe, mbah Wir, salah sijining sesepuh kampung, uga wis teka ana warunge cak Qodri. Sawise salaman karo kabeh kang ana ing warung, mbah Wir banjur ngendikan,” Hla iki apa wis rampung anggone mubeng riyaya kok wis nglumpuk ana warunge Qodri kene?”
Budi banjur nyauri, “Wis rampung mbah Wir, sak kampung tak ubengi kabeh, aku wis njaluk pangapura, sababe meh kabeh warga kampung kene, tau tak utang duwite. Hahaha, nyuwun pangapura mbah.”
“Hlo kuwi bener Bud, pancen mbok menawa nalika srawung karo tangga teparo ana luput lan khilafe, awakmu kudu njaluk pangapura. Nggawe dosa marang wong liya kuwi kudu njaluk pangapura marang wonge, yen dosa amarga ora ngayahi kewajiban utawa, nindakake kang dilarang dening Allah, njaluk pangapurane kudu marang Allah”, mbah Wir menehi katrangan marang Budi.
Slamet banjur takon marang mbah Wir. ”Mbah riyaya kok akeh wong kang nganakake halal bihalal kuwi jane kepriye mula bukane?”
Mbah Wir nyruput kopine banjur wangsulan, ”Ngene Met, halal bi halal iku kegiatan kang apik ,amarga niate kanggo apura pangapura. Njaluk pangapura lan aweh pangapura iku piwulange agama. Halal bihalal iku minangka sarana kanggo apura pangapura ing antarane kang padha teka”
“Udakara tahun 1948, bung Karno ngundang KH Wahab Chasbullah, salah sawijining anggota Dewan Pertimbangan Agung RI, menyang Istana Negara saperlu dijaluki panemu ngenani kahanan politik Indonesia, kang lagi kisruh amarga akeh gerakan disintegrasi, para elit politik padha congkrah golek benere dhewe lan padha ora gelem musyawarah – rembugan amrih oleh solusi.”
Agus takon,” Hlo mbah Wir, halal bihalal kuwi jebule ana gandheng cenenge karo sejarah Indonesia barang, ya?”
Mbah Wir nyauri, “Sik Gus tak terusne critaku ya. Kyai Wahab Chasbullah banjur ngusulake supaya dianakake silaturahim, pas riyaya Iedul Fitri 1367H. Bung Karno ngersakne acarane ora dijenengi silaturahmi, ben krasa luwih istimewa. Wusanane kyai Wahab Chasbullah, kang uga kancane Bung Karno nyantrik ana daleme pak HOS Tjokroaminoto, ngusulake istilah halal bihalal. Maknane yaiku, kisruh antarane para pimpinan partai politik kang haram lan dosa, dihalalake kanthi acara silaturahmine kang diarani halal bihalal, yaiku kang haram lan dosa diilangi dadi kang halal. Wusanane Dening bung Karno halal bihalal banjur dianakake ing wulan Syawal 1367 Hijriyah utawa taun 1948 masehi.”
“Wah, aku lagi ngerti iki mbah Wir. Jebule halal bihalal kuwi asli karyane para tokoh jaman Indonesia wiwitan mardhika biyen. Matur nuwun mbah Wir wis andum cerita iki. Minangka panuwunku kopi karo gorengane mbah Wir, aku sing mbayar, cak Qodri”, Budi guneman kanthi semangat.
Agus lan Slamet uga banjur pada melu guneman,”Aku ya bayarana ya Bud!”. Budi rogoh-rogoh sak e banjur guneman kanthi rada ndhredhek, “Wah cak Qodri, jebule dhompetke keri … piye ya iki enake?”
“Wis wis Bud, ora usah ndadak kemlinthi barang arep mbayari mbah Wir, wong nyatane dhompetmu ae ra karuan jluntrune. Hahaha… Cak Qodri, iki aku kabeh ya sing nyukupi”, Agus tanggap ing sasmita lan dheweke ngerti persis prejengane Budi.
Warung tambah rame, jagade tentrem kebak rasa paseduran, sedulur nunggal kopi. (*)
*) Dodik Priyambada, Penasihat Majelis Dikdasmen PNF PDM Gresik, penulis buku ‘Damar Ublik’.
Post Views: 5












