Selat Hormuz lan Sepedha Motor Listrik

- Editorial Team

Jumat, 1 Mei 2026 - 08:03 WIB

facebook twitter whatsapp telegram line copy

URL berhasil dicopy

facebook icon twitter icon whatsapp icon telegram icon line icon copy

URL berhasil dicopy

banner 468x60

Dening: Dodik Priyambada

Iran lagi wae nganakake perjanjen gencatan senjata karo USA – Israel. Iran tetep ora gelem minangkani panjaluke USA supaya mbukak blak selat Hormuz, amarga dianggep kuwi mung ngugemi kepentingan Amerika wae. Kosok baline, USA dhewe ya nuruti karepe dhewe kanthi mblokade kabeh pelabuhane Iran kang mapan ing teluk Persia dan teluk Oman, klebu jalur kang wigati banget yaiku Selat Hormuz. Blokade kuwi ndadekake kapal-kapal Iran ora bisa kirim minyak menyang negara liya. USA lan kabeh sekutune ya ora bisa liwat selat Hormuz, amarga ora oleh palilah saka Iran lan kudu mbayar biaya transit larang. USA ngawal kapal-kapal tanker-e sekutune, kang ngemot minyak supaya bisa liwat selat Hormuz lan ora nganggo mbayar biaya transit kang larang banget marang Iran.

ADVERTISEMENT

ads

SCROLL TO RESUME CONTENT

Kahanan kang ruwet kaya mangkana iki, ndadekake rega minyak mentah, minangka bahan baku kanggo nggawe BBM, mundhak akeh dhuwur banget, saka USD 90 nganti USD 100, dadi USD 111 nganti USD126 (mundhak luwih saka 20 persen).

Rega BBM non subsidi kaya pertamax, pertadex lan dexlite wis wiwit mundhak akeh. Masyarakat pengguna BBM non subsidi krasa banget, amarga mundhake BBM non subsidi dhuwur banget. Regane Pertamax Turbo saka Rp 13.100 dadi Rp. 19.400, Dexlite saka Rp. 14.200 dadi Rp. 23.600 lan Pertamina Dex saka Rp. 14.500 dadi Rp. 23.900. Ya pancen mundhake akeh banget.

Wong-wong kang ngopi ana warunge Qodri, asring ngrembug pengaruh kisruhe selat Hormuz marang rega BBM non subsidi dalam negeri, kang mundhak akeh banget. Bengi kuwi sajake ya akeh kang padha ngopi lan ngemil gorengan sinambi ngrembuk perkara mundhake BBM non subsidi.

Mbah Wir karo ngemplok gedhang goreng miwiti guneman, “Dinane iki wong sugih-sugih padha ngrasakne mundhake rega BBM non subsidi. Kahanan iki uga ana pengaruhe marang butuhe masyarakat umum. Tuladhane, stok BBM subsidi kaya pertalite lan solar ing SPBU, asring kosong, banjur ya masyarakat kepeksa tuku BBM non subsidi. Malah ing saperangan nggon, ing luar Jawa, kanggo tuku BBM subsidi, mligine solar, wong-wong kudu antri wiwit sore nganti sesuk esuke ben isa tuku BBM solar. Apa ora mesakake yen kaya ngono kedadeyane?”

Baca Juga :  Ahmad Nur Chumaidi: Teladan Nabi Muhammad dalam Ahad Pagi Muhammadiyah Cerme

Qodri nyekeli bathuke banjur takon marang mbah Wir, “Hla terus kahanan kaya ngene iki lumaku nganti kapan, mbah? Rumangsaku kok, sasuwene iki, kisruhe rega BBM ora nganti ruwet kaya dina-dina iki.”

Budi yang wiwit mau cemal-cemil mangan tahu goreng lan nyruput kopi ireng gula sithik, melu guneman, “Bener cak Qodri, pokoke dina-dina iki urusan BBM krasa ruwet banget. Mbiyen kuwi rumangsaku Indonesia klebu salah sijine negara pengekspor minyak kang gedhe, hla kok saiki dadi kaya ngene kahanane, kuwi kepriye nalare?”

Mbah Wir mangsuli, “Saben jaman kuwi nggawa lakone dhewe-dhewe, Bud. Saiki Indonesia kena diarani net importer minyak, amarga import minyake luwih dhuwur tinimbang ekspore. Yen rega minyak mentah ndonya gonjang-ganjing kaya ngene iki, kapitunan negara Indonesia, amarga mundhake rega minyak mentah dunia bakal gedhe pangajine. Mulane ayo padha ndonga supaya rega minyak mentah ndonya enggal mudhun lan stabil ana rega kang pas”.

Budi nyauri, “Byuh sampeyan kok weruh kabeh mbah Wir, perkara minyak dunia iki. Matur nuwun, aku malih ngerti kepriye munggah mudhune rega minyak mentah ndonya.”

Cak Qodri karo nyekeli bathuke banjur takon, “Mbah Wir, Indonesia impor minyak mentah, trus uga ekspor minyak mentah. Kudune ya gak usah ekspor minyak mentah to, mbah?”

Mbah Wir sumaur, “Hla perkara kuwi aku dhewe ya ora mudheng, Dri. Piye Gus miturut awakmu?”

Agus kang wis rampung mangan sega bungkus godhong gedhang banjur mangsuli, “Minyak mentah sing di ekspor saka Indonesia jinise: minyak mentah ringan (light crude) rendah sulfur, minyak mentah berat (heavy crude) kandungan sulfur dhuwur lan kondensat (cairan hidro carbon). Kabeh iki rata-rata ora bisa lan ora cocok diolah ing kilang-kilang minyake Indonesia. Mulane, jinis kasebut kuwi ya tetep diekspor, senajan volumene ya ora sepiroa gedhe. Pemerintah uga wis akeh-akeh menehi anjuran, supaya masyarakat ngirit konsumsi bahan bakar fosil, lan sak isa-isane supaya nganggo bahan bakar non fosil, kayata: listrik, bioethanol, biodiesel, hidrogen lan liya-liyane. “

Baca Juga :  Ketua PWM Jawa Barat Sambut Hangat Ribuan Peserta Olympicad VII tahun 2024

Ora let suwe, Slamet teka numpak sepeda motor listrik anyar gres, klenyer-klenyer ora ana swarane, mandheg ana warunge Qodri karo ngguya ngguyu. “Wow, wedhus tenan awakmu Met. Numpak sepedha motor listrik ora ana swarane, ketoke kok ya kepenak,” Budi uring-uringan karo ngguyu.

Mbah Wir guneman, “Ya Slamet iki sing bener. Wis ngganti sepedha motor bahan bakar minyak ganti bahan bakar listrik. Tak kira cak Qodri mesthine ya setuju yen Slamet oleh hadhiah kopi gratis sawulan, amarga Slamet klebu warga negara kang peduli lingkungan lan melu gerakan penggunaan BBM non fosil.

Qodri urun rembug, “Oh ya ora dadi ngapa, kopi gratis kanggo pelopor penggunaan bahan-bakar non fosil, iku ngregani wong kang prolingkungan. Hla awakmu Bud, ngalor ngidul cedhak-cedhakan kene, yang ora perlu numpak sepedha motor bahan-bahan fosil. Gonjang-ganjing Iran musuh USA – Israel bisa kanggo momentum (wektu kang pas) ngowahi urip boros bahan-bahan fosil dadi urip prasaja ngango bahan-bakar non fosil. Kanggo awakmu Bud, pokoke awakmu gelem nyang warungku kene, kopimu ora usah mbayar. Iki wujud dhukunganku marang gerakan peduli dan penghematan bahan bakar fosil. Syarate utang lawasmu kudu wis mbok saur kabeh. Ha ha ha.”

Kabeh wong kang ana warunge Qodri melu ngguyu renyah, ngrungokake rembugan ngenani bahan bakar kuwi. Jarene pak kyai, kanggo ngowahi gaya hidup boros energi fosil, kudu diwiwiti saka awake dhewe-dhewe. Wektu wis ndungkap bengi, warunge Qodri tetep gayeng guyub rukun kang padha ngopi. Jagongan ana warkope Qodri, bisa kanggo tulak stress lan panglipur ati. (*)

*) Dodik Priyambada, Penasihan Majelis Pendidikan Dasar dan Menengah (Dikdasmen) dan Pendidikan Non Formal (PNF) PDM Gresik, Penulis buku ‘Damar Oblik’.

 


Post Views: 92

sumber berita dari girimu.com

Follow WhatsApp Channel www.kabargresik.com untuk update berita terbaru setiap hari Follow

Berita Terkait

Gelar Raker di Malang, KKG PAI Wringinanom Inginkan Kualitas Pendidikan Makin Meningkat
Dikawal PDM dan Pengawas, Raker SMK Muhammadiyah 5 Gresik Perkuat Komitmen Menuju Sekolah Unggul dan Berdaya Saing
Parenting Sinergi Sekolah dan Rumah Warnai Silaturrasa dan Haflah Akhirussanah Perguruan Muhammadiyah Melirang
TK Aisyiyah 36 PPI Gresik Tampilkan Pembelajaran AI dan Coding
PRM Srembi Gresik Segera Dibentuk, 18 Kader Muhammadiyah Gelar Silaturahmi
Meriah, Secara Bersamaan Perguruan Muhammadiyah Pantenan Panceng Lepas Lepas Siswa MI, MTs, hingga SMA
Tari Nusantara Buka Final Moment Spemdalas Gresik
SD Almadany Punya Cara Hangat Rawat Silaturahmi
Berita ini 20 kali dibaca

Berita Terkait

Rabu, 24 Juni 2026 - 10:34 WIB

Gelar Raker di Malang, KKG PAI Wringinanom Inginkan Kualitas Pendidikan Makin Meningkat

Rabu, 24 Juni 2026 - 01:33 WIB

Dikawal PDM dan Pengawas, Raker SMK Muhammadiyah 5 Gresik Perkuat Komitmen Menuju Sekolah Unggul dan Berdaya Saing

Selasa, 23 Juni 2026 - 16:32 WIB

Parenting Sinergi Sekolah dan Rumah Warnai Silaturrasa dan Haflah Akhirussanah Perguruan Muhammadiyah Melirang

Selasa, 23 Juni 2026 - 07:32 WIB

TK Aisyiyah 36 PPI Gresik Tampilkan Pembelajaran AI dan Coding

Senin, 22 Juni 2026 - 22:30 WIB

PRM Srembi Gresik Segera Dibentuk, 18 Kader Muhammadiyah Gelar Silaturahmi

Berita Terbaru

Muhammadiyah Gresik

TK Aisyiyah 36 PPI Gresik Tampilkan Pembelajaran AI dan Coding

Selasa, 23 Jun 2026 - 07:32 WIB

Muhammadiyah Gresik

PRM Srembi Gresik Segera Dibentuk, 18 Kader Muhammadiyah Gelar Silaturahmi

Senin, 22 Jun 2026 - 22:30 WIB