Dening: Dodik Priyambada
Teknologi robot dinane iki tambah maju, tambah cerdas, adhaptif lan kolaboratif. Iki amarga integrasine kecerdasan buatan (AI), machine learning, lan Internet of Things (IoT). Ing Indonesia tren iki tambah banter amarga anane program Making Indonesia 4.0 kang digagas dening pemerintah wiwit taun 2018, kang nduweni target penerapan robot ing jagad industri, pendhidhikan, kesehatan, lan logistik.
ADVERTISEMENT

SCROLL TO RESUME CONTENT
AI (artificial intelligence) yaiku kecerdhasan buatan kang niru carane manungsa mikir. Machine learning yaiku teknologi turunane AI kang bisa ndadekake sistem sinau lan dadi pinter saka dhata. IoT (internet of things) yaiku jaringan piranti fisik kang nyambung siji lan liyane uga bisa ijol-ijolan data.
Majune teknologi kasebut, tuladhane: Smart city (lampu bangjo dalan otomatis anut kahanan lalu lintase), Smart healthcare (diagnosis wiwitan saka data sensor pasien), Smart factory (mesin produksi kang anut marang output kang jumbuh karo kebutuhan pasar) lan sapanunggalane.
Kejaba nduwe manfaat kang gedhe teknologi kasebut uga nggendhong bebaya lan bea kang kudu diantisipasi, kayadene: keamanan siber (piranti IoT ngemu bebaya peretasan), privasi data (datane user bisa disalahgunakake), bea investasi wiwitan kanggo implementasine pangajine rada gedhe.
Nalika sang bagaskara wiwit sumunar, ing dina Ahad iku, warunge Qodri kawistara wis wiwit rame kang padha ngopi. Qodri wis wiwit repot nyawisake kopi an omben liyane kanggo kang padha pesen.
Mbah Wir teka bareng Agus banjur pesen kopi klangenane marang Qodri. “Siyap mbah Wir lan Agus. Kok njanur gunung iki mau padha teka bebarengan, apa bar ana proyek gedhe? Ha ha ha, “Qodri guneman marang kekarone.
Mbah Wir mangsuli, “Aja sembrana awakmu Dri, iki mau bar Subuhan ana mesjid kepethuk Agus, banjur njrunthul mrene iki.”
Ora let suwe Budi teka banjur lunggur njejeri Agus sinambi pesen kopi tanpa gula marang Qodri. “Slamet, kok ora ketok esuk iki Bud?” Qodri tako marang Budi.
“Iya cak, jarene Slamet mulih nuweni mak e lan kangmase ana ndesa. Kabare mas e kang nyambut gawe ana pabrik kena PHK. Jarene pabrike saiki lumakune ganti nganggo sistem digital lan robot, apa piye ngono hlo. Hla kepriye kuwi pemerintah apa ora aweh kawigaten marang PHK kaya ngono kuwi, cak?” Budi mangsuli.
“Wah ya bener awakmu Bud, kudune pemerintah ngatur yen perlu ora ngijini sistem kang nuwuhake akeh PHK ing sektor industri”, Qodri uga guneman karo rada emosi.
Agus mesem banjur melu run rembug,” Sik sik cak Qodri lan awakmu Bud. Perkara kemajuan teknologi kuwi pancen wis anut jamane. Tegese teknologi tetep maju, tetap berkembang, lan menungsa kudu bisa adhaptasi marang perubahan teknologi mau. Jajal pikiren, saiki kaya-kaya wis ora ana manuh wong maca koran cetak, amarga kabeh pawarta bisa diwaca saka hape. Arep mangan rujak cukup mbukak hape pesen online, bayar online, banjur rujak e ujug-ujug tekan ngarep omah. Iku uga amarga kemajuan teknologi internet lan digital.”
Budi takon, “Hla trus kepriye wong-wong kang kudu leren nyambut gawe kena PHK, kuwi, Gus?”
“Hla ana kono pemerintah lan pengusaha ya klebu cak Qodri barang kuwi, kudu tansah mikir masa dhepan, mikir kepriye bisane usaha tambah maju, tambah akeh lan prosese luwih cepet tur gampang. Sadurunge wektu kanggo ganti teknologi, kudu menehi pembinaan marang pegawai-pegawaine, supaya sawayah-wayah teknologi ngowahi cara nyambut gawene, para pegawai wis bisa adhaptasi. Uga yen kepeksane kudu PHK tanthi cara kang bener jumbuh karo paugeran ketenagakejaa, pegawai kang kena PHK uga wis siyap pindhah menyang panggonan anyar amarga wis weuh lan wis dilatih.” Agus njlentrehake marang Budi.
Mbah Wir nambahi rembug,” Iya Gus tanggaku kang nyambut gawe ana gerbang toll nampani pembayaran lan menehake kertu toll wis leren, lan ora let suwe bisa nyambut gawe ana salah sijining pabrik. Saiki mlebu toll cukup nemplekne kertu, lan mbayare ugo cukup kanthi nemplekne kertu.”
Qodri urun rembug,” Robot pancen wiwit lumebu ana alaming menungsa. Robot kuwi sing nggawe menungsa, mula menungsa ya ora oleh kalah karo robot. Carane ya menungsa kudu kuwat sipat kamanungsane, kayata: welas asih matang sapadha-padha, guyub rukun karo kancane, njaga lingkungan lan ngalam ndonya supaya tetep lestari lan sapanunggalane. Kabeh kuwi besoke kang bisa njaga ndonya saka pokal gawene robot, kang sejatine robot kuwi gaweyane menungsa.”
“Bener cak Qodri. Dhawuhe para pakar, perang tandhing kang sejati, dumadi dudu antarane manusia lan robot, nanging antarane menungsa kang padha-padha nggunakake robot. Kang unggul perange yaiku sapa kang bisa mujudake intergrasi teknologi ana sajeroning kreativitas, kepemimpinan, lan inovasi.” Agus nambahi katrangane Qodri.
“Warungmu suk kapan cak, bisa mbayar nganggo hape. Sing nyedhakake hape banjur muni klunthing, beres?” Budi takon marang Qodri.
Qodri njlentrehake,” Oh kuwi nganggo QRIS, Bud. Aku wingenane kae ya diparani wong bank ditawani yen mbayare ing warung arep nganggo QRIS, dheweke bisa mbiyantu. Nanging kanggo awakmu prayogane ora usah nganggo QRIS, Bud. Nyathet wae ana buku bon utawa utang, luwih praktis kuwi. Hla wong utangmu jik dawa cathetane. Ha ha ha.”
“Oalah iya cak. Tak kira marga ganti mbayare nganggo hape, utangku langsung isa lunas. He he he. Aku butuh teknologi kang isa ndadekake utang lunas sanalika, cak.” Budi guneman karo ngguyu lakak-lakak.
“Dhapurmu kuwi, Bud, Ha ha ha.” Qodri nyauri Budi karo guyon lan tetep rukun.
Lumebu wayahe Dhuha, warunge dadi luwih rame lan akeh wong kang katom gegojegan pratandha atine tentrem. Ayem tentrem iku mung menungsa kang bisa ngrasakake, robot ora bisa. (*)
*) Dodik Priyambada, Penasihat Majelis Pendidikan Dasar Menengah dan Pendidikan Non Formal (Dikdasmen – PNF) PDm Gresik, Penulis buku ‘Damar Oblik’.
Post Views: 120












